UYON - UYON
UYON - UYON
Tembung uyon-uyon saking tembung nguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939: 436). Wonten pamanggih sanès bilih uyon-uyon saged dipuntegesi ungeling gangsa/gamelan ingkang boten kinanthènan joged utawi kagunan sanèsipun. Kanthi makaten menawi ngrembag babagan uyon-uyon boten badhé uwal kaliyan kagunan karawitan. Menawi karawitan punika saged kanggé ngiringi manéka warnining pagelaran, tuladhanipun ringgit/wayang, kethoprak, beksan, ludruk, lan sapiturutipun. Déné uyon- uyon punika pagelaran karawitan ingkang madeg piyambak, boten kanggé ngiringi pagelaran sanèsipun.
Péranganing uyon-uyon Kanggé nyengkuyung pagelaran uyon-uyon kedah wonten pérangan-pérangan uyon-uyon ingkang baken, ing antawisipun inggih punika: Gamelan/gangsa, wiyaga/niyaga, Lelagon/gendhing, pasindhen. a. gamelan/gangsa, inggih punika namaning tetabuhan ingkang rericikanipun kathah sanget, kadosta saron, bonang, gender lsp. (Poerwadarminta, 1939: 129). Sinaosa ing laladan sanès ugi wonten gamelan nanging ingkang badhé karembag ing ngriki inggih punika gamelan Jawa. Gamelan Jawa kasebat pirantos musik ingkang kalebet golonganing pentatonis ((penta = 5, tone = nada), awit gamelan namung gadhah 5 nada utawi titi laras (1 2 3 5 6). Gamelan Jawa sakawit namung wonten laras sléndro ingkang gadhah 5 nada, nanging kanthi ngrembakaning budaya lajeng wonten laras pélog ingkang nada/titi larasipun wonten 7 (1 2 3 4 5 6 7 ) kanthi dhasar 5 nada/titi laras. Laras inggih punika swanten ingkang ajeg inggilipun, boten éwah, kasebat ugi nada, sistem nada/tonal system. Laras Sléndro (Sl.) ateges sistem nada ingkang ngenut andhap- inggilipun lan interval saking gamelan sléndro, semantèn ugi laras pélog (Pl.).
Titi laras inggih punika notasi nada ingkang kaserat ngenut sistem nada laras lan pathetipun. Déné pathet (Pt.) inggih punika ukuran andhap-inggiling laras, minangka wates wilayah nada.
Pathet ing laras sléndro ing antawisipun,
- pathet Nem (6), grambyanganipun 6- 2 (6-5-3-2), titi laras ingkang kaambah inggih punika (2 3 5 6 1 2),
- pathet Sanga (9), grambyanganipun 2- 5 (4 5 6 5) titi laras ingkang kaambah inggih punika (1 2 3 5 6 1)
- pathet Manyura (Myr) grambyanganipun 3 2 1 6, titi laras ingkang kaambah inggih punika (y 1 2 3 5 6).
Déné pathet ing laras pélog inggih punika:
- pathet Lima (5), grambyangan titi laras ingkang kaambah (5 6 1 2 4 5)
- pathet Nem (6), grambyangan titi laras ingkang kaambah (2 3 5 6 1 2)
- pathet Barang (Br.). grambyangan titi laras ingkang kaambah (6 1 2 3 5 6)
Gamelan ingkang jangkep nanging namung setunggal laras kawastanan sapangkon, déné gamelan ingkang jangkep wonten ingkang laras sléndro lan ingkang laras pélog dipunwastani saperangkat. Miturut wujudipun gamelan kabédakaken wonten:
1) Wujud Tebokan/kebukan: Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur
2) Wujud Wilahan: Gendèr, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking
3) Wujud Pencon: Bonang, kenong, kethuk, kempyang, kempul, suwukan, gong
4) Wujud Wilahan Pencon: sléntho, gong kemodhong, kecèr.
5) Wujud Kawatan: siter, clempung, rebab
6) Wujud Pipa: suling
Pramila tiyang ingkang nabuh gamelan punika kados déné tiyang ingkang nembé nglampahi semèdi kanthi manunggalaken cipta rasa lan karsa kanggé mujudaken wiramaning gendhing ingkang saé. c. Lelagon/gendhing Wujuding lelagon/gegendhingan/tabuhan:
1) Gangsaran.
2) Lancaran
3) Ketawang.
4) Ladrang.
5) Gendhing.
6) Slepeg/playon
7) kemuda
8) Sampak
9) Ayak-ayak
10) palaran lsp. d.
Pasindhèn (swarawati lan wiraswara) Tiyang ingkang pedamelanipun nyekar nyarengi gamelan (Poerwadarminta, 1939: 563). Menawi pasindhen punika pawèstri kasebat swarawati, déné menawi jaler kasebat wiraswara. Ananging ing jaman sapunika pasindhèn kaprah namung kanggé nyebut pawèstri, déné ingkang kakung kasebat wiraswara utawi panggérong.
Pagelaran Uyon-uyon Pagelaran uyon-uyon punika asring katindakaken kanggé panglipur ing acara-acara mirunggan, kadosta: sunatan, selapanan laré, syukuran, merti dhusun lan sapiturutipun. Tiyang nggelar uyon-uyon punika ingkang dipunresepi inggih swanten gamelan/gangsa ingkang sinarengan swantening pasindhèn. Cak-cakaning uyon-uyon ngginakaken sédaya racikan/tabuhan (saged soran lan lirihan). Soran inggih punika ungeling gamelan ingkang boten sinarengan pasindhen, limrahipun kanthi wirama ingkang rancag, saged ugi sinebat Instrumèntalia. Lirihan inggih punika panabuhing gamelan kanthi lirih awit sinarengan swantening pasindhèn.
4. Tembung-tembung ingkang asring kapanggihaken ing Uyon-uyon
1. Cakepan inggih punika syair, tetembungan ingkang dipunginakaken ing tembang.
2. Cengkok inggih punika lak-luking swanten kangge nglagokaken tembang.
3. Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Pedhotan inggih punika pamedhoting swanten ing satengahing tembang ing saben larik.
5. Senggakan inggih punika unen-unen mawi lagu ing satengahing tembang ingkang binarung swantening gendhing lan pradangga.
6. Gérong inggih punika tembang ingkang dipunlagokaken sareng kaliyan gamelan kanggé nyarengi gendhing, déné ingkang gérong para wiraswara/ pradangga.
7. Sindhènan inggih punika tetembangan ingkang dipunlagokaken déning waranggana utawi pasindhèn binarung swantening gamelan/ lelagoning gendhing.
8. Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
9. Bawa inggih punika tembang kangge mbukani gendhing utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan.
10. Buka inggih punika tetabuhan utawi swanten ingkang kanggé mbukani gendhing.
giren
Komentar
Posting Komentar